Search Suggest

Dhemit Import

Dhemit Import

Koyo biasane lurr..! crito iki ming Fiksi / Fiktif dadi blas ora iso dinggo dasar suatu kebenaran.. wong ming ndobos !

critane ngene.!
Mungkin wes do reti yo lur.. nek hobyku ki ming siji , MANCING, dan MENGAJI.. dan MAKAN BAKSO dan di jajakke , dan lain lain 😂
Lha... wektu kui isih isuk uthuk uthuk.. yo kiro kiro jam papatan.. aku boncengan karo si P bali seko mancing sidat..neng selokan mboro Purworejo... hh.. Orasah takon hasil lho lurr...! wektu kui Gebleh, alias Boncos.. ming ngunggahke iwak lele hh.. bar ono dadalan blumbang sajake, ning yo teb tak gowo.. wjwjk.. edan po!, nekming 3 kilo timbangan lambe yo ono je ! wkwkk..
Tak kandani ya lur, sik jenenge pemancing sidat/lumbon.. ki aneh, arepo le mu mancing oleh lele.. opo kutuk wakeh.. tetep wae ora dianggep Hasil.. hh.. . alias Gebleh. lha aku ki tau kok lor..! lomba mancing sidat .. aku oleh iwak lele sak lengen.. kalah karo sidat sak welut... 😥
Mbonceng motore si P ki jian siip lho lur.. arepo raiso banter ning kowe teb ora ngantuk.. mboh ngopo?.. opo mergo sok bekere wes mati po yo..?.. dadi angger wes liyer liyer kae tros mak gajlug..! njuk melek meneh, dasare dalane isih sepi karang isih isuk.
Tan pocapo seko mburi aku disalip.. motor metik buanter..banget... wees..!.Aku nganti kaget.
"WOOOO... BIANGANE..!" 😡bengkokku emosi.
"AYO DIOYAK PEE...! , KEPLEKKE..! " 😡 omongku karo nepuk nepuk pundak e si P.
Ming gumunku kok nduwure wong numpak metik mau.. ono sing ngoyak..karo mabur.. ujudte manuk opo lowo ? , ora pati ceto..hh..sing jelas gedhene sak manungso dewasa.. suarane teng cruwet..nandakke ora ming siji.. hh..
" Peee ...!. ayo di oyak motor kae..!" omongku karo ndudingi motor sing bar wae nyalip.. hh.
si p, seketika langsung misuh Alon..😖😖
" matamu kung...! iki wes gas pol,.. hh.. yo kono.. oyaken dewe karo mlayu..!" omonge si P sengak.
" Rasah ngece kung..! motorku iso mreteli nek kon ngoyak kae..!" ....
tros krungu sworo..
"BRAKKK ...! Krosaaaaak "
" WEH ... NGOPO KAE PEE ..?.. WOOOO .. MATI i.. PE .. MATI ... MATI KAE ..!"
Bareng meh tekan jembatan..tak sawang motor metik sing nyalip mau wes mbelasah neng tengah ndalan.. ajur ming lampune iseh murub.. ..
"loh pee.. iki lak sing bar nyalip awak dewe mau to..?" takonku...
" weh..! iyo e..! njuk sing numpak nengendi..?" takone si P karo miling miling.
Aku ming ngadek nggejejer.. nyawang.. kedadian seng nggilani tenan.. hh..🤔
Kiro kiro jarak 200 meter seko motore ono kuwondo seng di kruyuk wujud koyo kalong ning gede, nduwe tangan koyo menungso, gegere ono swiwine.
Kuanda sing godres getih kojel kojel , dinggo bancaan.. tros.. nyawane di geret di betot..dipekso metu.. ... hh.. tros.. dell.. digowo mabur duwur... . tros plas ilang tak kedhepke..
aku karo si P gage nyedaki Korban..
"Whaa... wis ra ketulungan iki.. ambyar sirahe..!" jare si P..

Dhemit Import

Pancen tak sawang wes ora iso di kukup.. kwandane... raine wes pecah.. getih kentel wes teng dledek metu seko cangkem karo irunge.. ..korbane tak sawang isih kojel kojel.. sedilit njuk anteng.
Nek tak kir umure kurang luwih seketan.. hh..wong lanang, nganggo jaket kulit..werno ireng hh pawakkane rodo lemu.gandeng matane melek mlotot tros tak remke matane.. hh.. ning tetep wae melek.
Ora let suwe ono pawongan do teng jredul mergo keprungu suoro sajake. .., tros motor, mobil sing liwat do mandek.. ora suwe papan kui wes kebak uwong..
" ono opo mas..? "
"Kecelakaan tunggal..! nabrak buk! (jembatan seko semen) " jare si P karo mencas godong gedang tros di tutupke jasadte korban..
Ora suwe polisi ugo wes do teko neng TKP.. aku di takoni kedadiane.
aku ugo siap dadi saksi sewaktu waktu di butuhke..
gandeng wis okeh uwong, dasare wes manjing subuh aku neruske laku, bali karo miling miling golek masjid..tros golek sarapan.. hh..
Jam setengah pitu esuk wes tekan omah.. gage adus tros. blek.. tan kelingan purwo duk sina 😂............
Tangi tangi mergo gebrebekken ono wong totok totok lawaang.tak delok wes jam siji awan . hh.. jian kepati leku turu.. hh..
lawang tak bukak, kaget aku jebul kancaku polisi kang Ahmadi karo anak buahe cacah telu wes lungguhan neng teras..
" Weh ... njanur gunung kang..!" omongku..
" Entuk ora, mau bengi?" takone kang Ahmadi sajake ngerti nek mau bengi aku mancing.
" Biasa gebleh..! , ming oleh lele.. malah rung tak rumat..!" omongku kelingan leleku rung tak beteti. 😂.. gage aku mlebu ngrumat lele.. wkwkk.. lumayan keno nggo lawoh..
" Le nggoreng sesok wae di lebokke frizer ndisik wae..!" akone kang Ahmadi.
" Lha piye to.. aku ki ngelih je. !" omongku..
" Wes ojo kuatir metu wae golek tongseng ..! sekalian aku arep ngobrol! " omonge Ahmadi..
" woo.. hayo siaap..!" 😂
" Si P dijak sisan!"
" yo Bell en kono..!"
Akhire aku di jajakke tongseng, neng daerah kronggahan.
" Kene iki kondange satene, ning di goreng, ora di bakar..! " jare kang Ahmadi...
" Woo ..! yo njajal koyo ngopo! tak ngicipi " omonge Si P
" Wuu ..saru..! nek bongso gratisan le ngiyip.. hh.. yo kang yo.! nek di jajakke ki manut..! rasah pilih pilih.. hhh.. kebiasaan! " omongku
" Ora popo..! nembung wae rasah isin isin! " omonge kang Ahmadi.
" Yowes nek ngono aku yo tak ngicipi sate goreng, tongseng ndas wedus, karo gule Bulungan loro ..!" omongku.
" Kui ngicipi opo arep ingon wong sak RT? " jare si P
" kowe opo pee? " takone Ahmadi
"podo koyo si kuung..! "
" Wuu senengane melu melu ora kreatip !" 😡 omongku
Bubar madyang nganti wareg banget..

Dhemit Import

si P tak sawang yo nganti kemlakaren , pancen cah pinter memanfaatkan momen alias aji mumpung nganti sende sende cagak, sabuk e di kendokke karo nyogoki untu jiaaaaan koyo wong mulyo.
" Jan jane aku ki ono perlu karo kowe je mbah! " kang Ahmadi mbukak omongan rodo serius.. hh..
" Ono opo to kang ?,kok sajake penting banget..! " takonku karo ngeler weteng 😀
Kang Ahmadi unjal ambegan rodo dowo.. ketok nek ono masalah serius.
" Kowe di skores komandanmu goro goro kokean mancing po ? " takonku sak kenane
" Oraa ..! critane ngene, Sewulan kepungkur aku entok tugas abot seko pusat..! nyekel gembong Narkoba Internasional..kerja sama karo Interpol !"
"Wooh...! Narkoba ki ono sing Internasional to? Kok koyo Martabak ! " cangkeme si P melu nggambleh.. hh..
" Kowe cah radong, nek anteng wae piye to..! rasah crigis..! i senengane nyaru wuwus.! " omongku.
" njuk trus..? "
"Timku sing kajibah nyekel gembong narkoba kui ono wong limo..! "
" Akhire gembong narkoba iso kasih diringkus..! ora baen baen.. Polisi iso nyita narkoba jenis sabu sebanyak hampir SATU TON ! . wes bayangno..! satu ton..! sabu siap edar.. jumlah sak mono kui ora baen baen..!.. iso nggo ngrusak generasi penerus bangsa iki.. !" omong e Ahmadi.
"Satu Ton ki piro to kung? " si P kepo
" Sak Ton kui podo karo sepuluh kwintal clok ! "
" Sak kwintal kui piro kung? " si P takon meneh
" Sak kwintal kui podo karo satus kilo ! "
" Nek sak gram e rego satus seket ewu njur , nek sak Ton duite piro kui kung? "
" OKEH..! " 😡
" okeh ki piro? "
" MBUH itungane dewe! "😡
" Trus? "
" lha gembonge jebul wong seko Afrika.. saiki wes kasil di kunjoro..!" omong e Ahmadi
" lh tros hubungane karo oku opo? " takonku..
" Lha ngene kung..!.. mbok menowo wong Afrika kui diduga duwe ilmu seng aneh..! 😰😰
Neng kunjoro deweke ngacam ngancam arep mateni Polisi polisi sing nyekel deweke".
"hh.. ngerti ora kowe kung,..! TIM KU MBOKO SIJI i MATI KANTI CORO ANEH ..!"
" Sing terakhir.. pak Yus ..!, deknen sak lekting karo aku , lagi telung dino diwenei cuti mergo kasil nyekel gembong narkoba.
Nah mau bengi deknen meninggal, kecelakaan tunggal neng Bagelen.., lha neng gegere korban, okeh luka luka sing ora masuk akal.. !"
"koyo luka mbarut mbarut keno pecut.. hh..! " omonge kang Ahmadi karo nduduhi poto poto jenasah kancane sing mati mencurigajan, barang tak delok.. jegagik..!..ora pangling..🤔🤔
" LHA IKI SING MAU BENGI NABRAK BOK ..! ,kebetulan aku karo si P sing menangi jejadiane!"
" inalilaah jebul iki koncomu to hh..?" omongku karo nduduhi potone korban sing sirahe isih kebak getih karo si P....
si P langsung mungkuk mungkuk ro misuh misuh.. ekwkk...
" biangane oq we kung..! bar madang sate nganti wareg mbok duduhi gambar yo ngono...!" 😣 omonge si P..
"pancen aku mau bengi koyo weruh kedadian seng nganeh anehi..kok kang..! koncomu kui tak kiro wong mendem.. numpak motor buanter buanget.. ming neng nduwure koyo disamberi wujud koyo lowo ning raine meh koyo pitik .. hh.. pancen selama iki aku durung tau weruh jenis ghoib seng koyo ngono.. mabure buanter.. kejadiane jian cepet banget..! " omongku..
" Lha ngene kung.. iki sing dadi target kari wong loro, Pak Toro karo aku..! , saiki pak Toro lagi dirawat intensif di tempatkan di ruangan isolasi, gilapen koyo wong setres mergo di weruhi wujud seng nggilani..! hhh... makane kung.. sing tak wawas iso ngrampungi masalah iki ming kowe..!"

Dhemit Import

" Mulo kung.. ! secara pribadi dan instansi aku njaluk tulung karo njenengan!, hhhh... perkoro opo opone jelas.. mesti wis tak pikirke! " omonge kang Ahmadi rodo mbrambangi..
Jebul tugase Polisi ki abot.. nyowo sing dadi taruhane.. hh.. mongko polisi apik koyo kang Ahmadi ngenei iki, mesti diarep arep baline kanti slamet karo kluargane.. hh..
Aku ming meneng wae durung iso menei jawaban.. hh..
" Ndadak mikir..! koyo wong penting.. wis ayo gek kaat..! iki dianggep wae tugas negara seumpomo kowe mati, yowes... wong yo raono sing ngarep arep.. " jare si P.. hh..
"Cangkemuu..! kat nengendi..? hh.. aku dewe malah bingung arep mulai seko ngendi..! " wangsulanku
" Ora wedi to kowe kung? " takone si P.
" Nak wedi ki jelas ora..! haku oq.. ! "
"Yowes ..! saiki aku tak kepingin ketemu kancamu sing jare tau diweruhi kui..! . saiki nengendi wonge..? " takonku..
" Jakarta..! "
" WHAAT ..! JAKARTA ..? " 😱
omongku kaget..
" Nek kowe saguh mengko bengi budhal, kabeh tak siapke..! jam wolunan tak petuk..! kowe melu yo Pee..! " omonge Ahmadi..
" Siaap..! " jare si P
Durung nganti jam wolu . Aku karo si P wis di petuk..
Dino kui.. aku jian di subyo subyo koyo dewa temenanan..
lha piye klambi sak pengadek wis di tukokke, nganti tekan sepatune.. isih dikeki amplop isi duwet nggo cekelan, tros tas gedhe, sak isine sisan.
Sabun ,sampo ,sikat tekan sempak yo ono, wes bayangin.
jian komplit..ming sayange kembaran karo si P.. hedeeeh.. 😢😢😢
Aku ngancing lawang njuk moro nengomahe Wantinah tanggaku
" Nah ..! aku titip kunci omah.. selama tak tinggal..! ojo lali nek bengi lampu lampu njobo di urubke..! bojomu Tejo ojo di kei kuncine ndak nggo nglebokke wedokkan..!" 😂
" Arep nengendi je kung?" takone wantinah karo tangane ngathung.. hh..
"Biasa..! jakarte.!" wkwk
omongku karo ngelungke lembaran abang sing langsung di saut.. hh..
" si P barang kui yo melu ..?" takone Wantinah..
" Wayo jelas..! pengawal je.. !" omonge si P karo ngumukke hem anyare sing kembar karo sing tak nggo.. hh.. 😢
bubar masrahke omah bablas neng bandara.. neng kono wis ono Kang Ahmadi
Rodo deg degkan aku lur...! lha piye durung tau taune numpak montor mebur je... hh.. sak jeg jumblek yo lagi iki aku arep numpak motor mabur.. hh ning tak delok si P kok koyo ketok tenang banget..? aku tros nyedaki si p
" pee..! kowe ora wedi po numpak montor mebur ki ?" takonku bisik bisik..
" Alah..! tenang wae.. rasane ki koyo numpak odong odong!" jare si P..
"Uduu kui ...! maksudku hh opo kowe ra wedi mabuk po?" takonku
" Alahh... tenang kene melu aku..!" jare si P karo nggeret aku neng toilet tros mbukak wudelku di templeki tensoplas..
" Ben ngopo iki pe?"
" wes to tenang wae.. kui resepe mbokku ben ora mabuk numpak pesawat.. hh..! " omonge si P
"Emang mamak tau numpak pesawat? " 🤔🤔
"yo durung..! "
"Perasaan dudu tensoplas deh.. Kudune koyok to pe..? " 😢
" RASAH ngeyel tow..! Iki resep tradisional..!" 😡
" Nek kepising ngising ndisik..! Mengko nek wis mabur mesakke sing neng ngisor ..!, Ketiban telekmu !" jare si P
"Sing tak wedeni ki nek mengko neng nduwur pesawate mogok njur piye? " 😥
" hayo disurung, ngono wae kok repot ! " jare si P
Jam setengah sepuluh kaat numpak pesawat.. 😁..
jebul numpak pesawat ki penak.. pesawat kui nek nabrak mego kae yo mak griyel griyel.. koyo dalane nggronjal ..ra bedo adoh numpak helikopter sekatene si P wkwjk 😁 jan ndeso tenan kok aku lur... wkw
kiro kiro patang puluh limo menit wes lending tekan Jakarta..
"Weeeh .... cepet bingiit.. hhh.. lagi asik ndelok kelap kelip lampu seko nduwur je malah wes tekan..." hhh omong e si P

Dhemit Import

Tekan bandara langsung di petuk mobil di kawal motor ngango lampu liu liu.. 😂.. jian koyo pejabat tenan.. njujug POLTABES nemoni komendane, jare kang Ahmadi..
aku yo ming manut, mudun seko mobil.. mlebu gedung.. gwede.. isine Polisi tok ,wkwkk.. Polisi Polisi do hormat karo aku wkwkqkk..
sak umur umur lagi iki lho lur..! di hormati Polisi.. biasane nek mancing numpak motore si P.. angger ono cegatan gage gage mbalik direwangi ngalang ngalang.. Ndak di oyak Polisi.
Aku sak rombongan mlebu neng ruangan khusus.. njuk ora suwe aku ditemoke karo pak Ajun.. di kawal karo Polisi tukang gambar..
aku di takon takoni, sing intine opo aku ngerti jenis lelembut sing neror anak buahe... hhh..
tak delok gambare, nadyan menurutku rodo lebay.. ning ono kemiripan karo ghoib sing tak delok nyamberi alm pak Yus kancane Ahmadi..
Jebul pak Ajun kui komandan tim buser( buru sergap) narkotika..
" iya.. kebetulan saya pernah lihat jin model ini, tapi ini jenis Demit Import..!" omongku waton njeplak
kabeh do gumun ono demit kok ndadak import barang..?
"Opo kene kurang stok demit po? " takone pak Ajun seng jebule seko jatim.
" Maksud saya itu.. jenis ini jarang ada, di sini.. bahkan saya belum pernah ndelok..!" omongku..
" Lha ben gampang di kasih nama aja..! jenis apa..? gitu.. biar kita mudah menggambarkan, misal seperti Gendruwo apa Banas pati gitu !" usule polisi tukang gambar..
" Gimana nek dijenengi jenis DARKONTHIL ..! . mergannya dia suka menyerang di waktu malam..!, malam itu kan basa inggris e Dark "
tik tuk tik tuk 😢😢. krik krik krik...
"kok KONTIL ?" takonku e pak Ajun
" karena dia suka MENGINTHILI (mengikuti korbanya)! " alesanku..jian masuk akal banget..to lur.. hhhh...
" Ya.. saya setuju..! " omonge pak Ajun
" lha terus kita akan mulai dari mana untuk membasmi Darkkonthil ini ? " takone pak Ajun..
" Coba akan saya mulai mengorek keterangan dari korban teror si Darkontil..! "
" Dalam hal ini pak Toro..! yang kabarnya sedang di rawat di ruang isolasi! " omongku..
" Ok.. semua saya serahkan kamu sama Ahmadi..! tau saya beres...! ndak ada itu darkontil darkontil lagi...!" Omonge pak Ajun tegas
" Siaaap..! LAKSANAKAN..!"😂
"Nek miturut penemumu kung..!, awak dewe mulai seko ngendi nangani kasus iki?" takone kang Ahmadi
" Ngene kang ! nek menurut critamu wingi.. sing dadi targete si Darkontil ki ,sing isih ming gari kowe karo pak Toro..! lha aku takok saiki, kowe rumongso di teror karo si Darkontil opo ora?" aku genti takon
" Nek seko rumangsaku blas durung tau..!🤔, ning yo ora njaluk, opo ming durung ..? aku dewe yo ra ngerti !" omonge Ahmadi.
"Berarti korbane ber urutan to iki..! ora bareng.. hh..! " omongku
" Iya, jadi tidak sama.. waktunya pertama pak Burhan meninggal, melompat dari lantai 5 di apartemennya kemudian pak Indra bunuh diri menembak kepalanya sendiri, kemudian pak Yus meninggal kecelakaan ..!" jare Polisi enom tukang gambar...
" Ora mas..! jenengmu ki siapa? " takonku nganggo bahasa indonesia
" nama saya Dwi..! "
"Oo .. mas opo pak?" takonku
"Saya masih bujang ! "
" Walaah .. jebul polisi ki sing ora payu yo ono to? " jare si P
" Padakke kowe wae peee.... ra payu..rabi..!"
" Mas nya ini kembar po, kok bajunya sama? "
" WOOH..! kowe ki jebul polisi Katarak..! hayo jelas bagus aku we bianget..hedeeh !" omongku
"Tak akoni bagus kono, ning nasipe podo! " 😂 si P ajar omong.
" Mboh ..! "
" Nek menurutku lho iki kang..! sajake mahluk magluk ghoib iki di kendalikan oleh seseorang ..!, Tur sing ngendalikan Seko njobo..!, ora mungkin nek dikendalikan seko njero kunjaran.. hh.. mergo nglakokke jin ben gelem di printah ki biasane ono seranane..! Ono sarat sarate..!, Nah.. golek serono neng kunjoro jelas ora mungkin..! "

Dhemit Import

" Berarti isih ono tunggale penjahat sing kudu mbok ringkus..!, sing ping pindone mesti ono wong njero sing dadi kaki tangane penjahat iki..!, yo ora mokal karang..! bisnis haram narkotika, duwite mesti wakeh, bayangno dewe sabu sak ton bobote duwite pirang milyar wae..wes saiki gandeng isih jam rolas terno aku nenggone pak Toro mugo mugo isih ketulungan ora kedisikan si Darkontil! " omongku..
" Siaap ..! yowes gek mangkat..!" omonge Ahmadi kadir.
Singkat crito aku di terke neng tempat isolasine pak Toro.. hh.. jian kahanane mesakke lur.. awake okeh tatu biru erem.. pak Toro ming gemletak neng nduwur kasur perawatan.. hh.. mripate ming plerak plerok nandakke nek depresi berat tenan.. hh.. bola bali ndelok jam sing tememplek neng tembok..
" SEBENTAR LAGI MEREKA DATANG..! SEBENTAR LAGI MEREKA DATANG.. hhh..! " Pak Toro bengok bengok Dewe koyo wong setres.. hh.
" Tenang pak! obatnya sudah saya datangkan!" jare kang Ahmadi karo nepok nepok Pak Toro..
Tenan wae lur..! seko tembok teng jruntul demit demit cacah telu marani peturone pak Toro karo nggowo gaman bentuke aneh.. koyo balung dilancipi.. hh.. soyo ceto bentuke.. pancen rada beda nek karo demit lokal.. awake ketok pengkuh.. wulune ora dowo, glendah glendeh matane abang semu oren koyo geni...si P langsung tak dekep matane nganggo air surgawi.. karepku takkan ngewangi aku nyekel Darkkontil
" MELU NYAMBUT GAWE PEEE... !" omongku..
begitu iso weruh ujute Darkonthil si P langsung nggeblak..sak naliko semaput ngenggon
"hedeehhh.. ra kaceeek.. hh.. "
"ATI ATI KANG ..! DEMITE WES DO NJEDUL...!" bengokku
kabeh do minggir..
Demit sing loro njuk mandek koyo curiga nek kehadiranya sudah di ketahui
Irunge nyungir nyungir...koyo ngambus ambus ,sing siji terus nyedaki pak Toro sing gemletak tak berdaya.
Aku ugo siap moco rapalan dinggo nyekel bongso kajiman.. hh.. cobo jajal, mandi ora nek tak tamakke demit Nigeria iki..hhh..
Sing tak inceng kupinge mergo lancip dowo koyo kuping jaran..
BISMILAH..! tak cedaki alon alon langsung tak saut kupinge... bet..!
"CIAAANDAK RA WEEE...! " 😡
deknen langsung njumblo njumblo ngolin oling... tangane sing kekar nggowo gaman karepe arep di tancepke awaku, langsung tak geret kupinge.. karo tanganku sijine napuki raine..
deknen bengok bengok..
" KEEEOK.... keoook..! kok.. kok.... kok... petook.. kok kok.. petook..!????????????
" HEH..! KOWE KI DEMIT OPO PITIK..? JILAK KI.. HH.??? "... sajake kui kode njaluk tulung kancane..
" HAYOH.... MAJU SISAN KABEH KENE..! 😡😡OJO MAJU MBOKO SIJI...! MAJUO BARENG...! KROYOKEN AKU...! ,KLAKON ONO DEMIT TAK BODOLI WULUNE..!"
tak sawang sing loro malah pandeng pandengan rupane ketok wedi njuk ngegarke swiwine arep mabur minggat nembus tembok..
"Modyar KOWE...!"
Langsung tak saut swiwi kulit koyo kalong..
week..! weeek... tak suweki..
" HAYOH... NEK ISO MABUR MABURO SAIKI...! "
" petook....🐔🐔 petook...! "
kok swarane koyo pitik babon bar ngendog..??? hhh... demit OPO to Iki ?🤔
deknen iso uwal njuk mencolot arep nembus tembok, bola bali ning ora iso..ming gejebles jebles hh.. opo mergo doyo kemandenku yo lur.. ...
akhire ming ndeprok neng pojokan tembok.. matane nyawang aku kiwah kiwih.
Darkonthil sing tak cekel tros meng ndepis neng pojokan.. hh. matane namatke aku tanpo kedep.. hh..
"AREP MLAYU NANGENDI KOWE !" omongku karo tak pepet raiso obah..
" HAYO..! NGAKU SOPO SENG PRENTAH KOWE..? " takonku.. hh.. njuk tangane sing drijine dowi dowi kukune lancip nunjuk nunjuk aku..koyo ngancam, karo muni
" WASZZZAGRU MARIAOZAWA ZIADAE WAKAZA OSIOZU OZAK!" 😡😡😡
hh... lampu lampu neng ruangan kui njuk byar pet koyo kongslet hh..
" NGOMONG OPOOO... KOWE? "
"WASZZZAGRU OZAA ZIADEA WAKAZA OSIOZU OZAK..!" jare deknen ora cetha 😢😢😢hhh..
jian repot tenan iki..!
"Oziozuuu..! ZEADEAA...! 😡😡 ZEAADEAA..!"

Dhemit Import

Deknen mbengok banter banget.. hhh..nganti nggowo perbowo lampu mbleret tros byar pet soyo kerep..howo neng ruangan kui malik adem.njejet.. angin tumiyup mubeng.. neng njero ruangan.. . hhh..
"WOOH...! . AREP PAMER KEAMPUHAN KOWE.??! IYO..? . UMUK KASEKTEN KOWE..!? ."😡😡😡
"WASAGRUU OZZAA..! " jare si Darkontil...hhh ASSSSEEEMBUUH...! "
langsung tak tempiling ndase.. byarr..! ambyar dadi titik titik abang koyo mowo areng keno tepas, mubal tros lap! ilang tak kedepke.. hhh.. byar..! lampu padang koyo maune.. hh..
" Iki mau opo kung? " takone kang Ahmadi karo isih sengal sengal ambegane.. hhh..
" Hayo kui.. sing tak jenengke Darkontil..! hh.. ning saiki wes aman kok kang.. hh.. pee...! Peeee.. tangi..!.. hh.. kebiasaan.. wes bola bali weruh isih jireh kowe ki..! " omongku karo napuki pipine si P..
gregah tangi njuk pasang kuda kuda arep pencak.. 😂
" hhhalaah.. telat pee..! Darkontile wes minggat. hh.! " 😖
"ENDI Endi..? Kung..! ENDI DEMITE, RASAH MELU MELU..! TAK AJIARE.. DEMITE...! hh.. Jian rung sido tak ajar wes minggat..!... demit urik qihh😠" jare si P.
"halahh.. kakean ekting..! koyo yak yako peee..!" 😖
tak sawang pak Toro wes lungguh neng dipan
" Benar kan..! aku ndak gila, memang ada mahluk tak kasat mata yang mengerikan seperti itu..! namanya mahluk apa tadi?
" DARKKONTHIL.!" omonge Dwi polisi sing ahli gambar..
"nek nama lengkapnya DARKONTIL KOBING..!" omonge si P
" Jan jane kui mahluk opo to kui kung?" takone kang Ahmadi kadir.
" Nek menurutku kui mahluk pujan..! (gawean) asline kui jenis jin sing biasa wae.. ning gandeng disarati karo menungso sing nguasai ilmu ghoib, iso di printah dadi mesin pembunuh...! ning mesti wae disertai sarat nglakoni pujian pujian kanggo si iblis LAKNATULLAH.. !"
"Asline ilmu koyongono kui wis suwe..! awale seko Negoro Mesir kuno, tros berkembang tekan Timur tengah,sing sering disebute ilmu sihir, tekan Afrika katelah disebut ilmu Vooodoo..! "
" Kok yo ono ilmu koyo ngono yo kung..! " omonge Pak Toro.. hh..
"Ilmu koyongono kui neng kene yo okeh Pak..! ming do ora ngerti wae..! contoh neng kalimantan ono mandau iso mabor mabor golek korban targete..! neng jawa ono sing luweh medeni, jenenge CANDA BIRAWA... !" hh..
" Lha nek si Darkkontil iki targere iso weruh ujudte"
" Asline deknen ora iso mateni menungso ming nggegiro (menakut nakuti) makane korbane mati mergo keweden"
" Dadi yo ora maido.. keweden pas numpak kendaraan dadine nabrak , hhh.. jan jane nek tenang ora kagetan, ora wedi yo rangaruh opo opo..! lak yo ngono to pak Toro? " omongku..
pak Toro ming mantuk mantuk..
" Jan jane Darkontil ki ming manut karo sing angon! .. misal.. targete si A.. lha dukune kudu nduwe potone si A, opo potongan tubuhe si A, misal rambut, opo kuku..! nek ra ngono ora iso.! lha kasus iki jelas ono wong njero sing melu main ! "
"Lha nek ora ono mesti ora Iso entuk rambut opo potongan kuku..!"
"Saiki kowe tak tari..! kowe wani ngungkap ora Kang Ahmadi ?"
"Nek Wani.. KASUS DIBUKA..!"
" Ning nek Kowe wedi ojo wani wani..! " Omongku
"Nek wani Ojo Wedi Wedi nek Wedi Ojo wani wani..!" Si P Melu omong ..
" Heleh..koyo beo..!"
"Maksudmu ki piye to kung, aku kok tambah ora mudeng? "
" Iki Jelas, mesti bakal nggeret penggede POLISI..!"omongku
"maksudmu ono pejabat polisi sing ikut campur masalah iki? "
" lha yo jelas lah !, duit gede gitu loh..! "
"AKU WANI..!" Omonge pak Toro sing rumongso dendam kancane do dadi korban.

Dhemit Import

Pembongkaran sindikat peredaran narkotika, nganti seribu kilo.. (satu ton). kui ora main main..
iso diarani pembongkaran mafia NARKOBA terbesar se Asia tenggara.
Suatu prestasi yang sangat membanggakan dari aparat KEPOLISIAN REPOBLIK INDONESIA, sing konsekwen menyatakan perang terhadap NARKOBA..!
nanging godane yo akeh lur..! resikone yo gede...! keporo nyowo sing dadi taruhane.
mboko siji Polisi sing kasil nangkap dan menyita barang bukti.. narkoba seberat satu ton...siap edar, mati dengan cara misterius.. hh..
yo ra mokal lur..! urusan duwit gede..!.
bos bose sing neng Indonesia wis kasil di ringkus dilebokne pakunjaran..
hampir semua anggota sindikat sing kecekel wektu kui warga negara asing.. roto roto wong Afrika.
mbok menowo Indonesia iki termasuk negoro sing rame dalam hal pasar NARKOTIKA.
Nyatane .. wakeh narkoba sing dislundupke..mlebu kene macem macem carane..
Seko sing di telan, nganti di lebokke mesin.. hh.. sing luwih extrim ,dilebokke neng awake menungso. Wis tau kok lur..! TKI Seko Hongkong meninggal ,mayite di kirim bali neng kene, bareng mayite di belek njerohane isi narkoba..!. opo ora edan kui.
Matine Aparat diduga di serang mahluk ghiob seko luar.. seng jenenge sangar..
DARKKONTHIL..hhhh..
mbayangke jenenge we marakke mrinding, wujudte nggilani yen di gambar kombinasi antarane kalong gede, raine koyo walang.. suarane koyo pitik..wulune diwut diwit hh. dedekke koyo menungso dewasa.. Jian nggemesin ..😌
Kasus iki jane durung pati cetha.. sing jelas.. Darkkontil... ki . di kendalikan oleh, dukun utowo ahli ghoib utowi cenayang seko Afrika..! Nek dukun lokal ora mungkin..! , biasane nek lokal Ki Ming perkoro pesugihan, jabatan Karo per hawuk an..?😀😀 Nek narkotika ora Ono..😂
Ming le praktek nengendi aku dewe durung genah.. nek pradugaku jelas isih sak pulau..
Biasane ilmu ghoib (sihir ) ora iso mlumpat laut..hhh..
lha... rencanaku arep nggoleki.. tempat praktek ilmu Voodoo.. nek kecekel, iso ngungkap sopo dalange kasus iki ..! haning piye.. durung duwe gambaran..🤔🤔
hhh..asembuh lah..! nek adreng niyat.. kasuse bakal kebongkar, Gusti mesti menehi dalan..Iyo to lur..! wkwkk..
Hari berikutnya acarane jelong jelong..
Aku karo si P di sewakke hotel bintang 😁..
tangi turu wes di petuk kang Ahmadi..
"pingin dolan nengendi kung? " takone Ahmadi..
" WAH.. aku manut..wae kang..! nek jane aku kepingin neng Monas..! " omongku
" Bar neng Monas njuk neng Taman Mini Jaya Ancol yo..! " si P melu usul.
" beres..! "
dino kui jian di plesir plesirke 😁dadi wisatawan.wkwkwk. wong ndeso weruh kutho.. wjwjwj..
Jakarta pancen pantes disebut KOTA METRO POLITAN.. hh.. okeh bangunan gedung gedung duwur duwur.. menungsane kebek dalane muacat, rumangsaku kok wonge do kesusu kabeh.
Tekan Monas si P selpa selpi.. koyo Artis.. hh..
" Ben nggo bukti tau tekan jakarta!" jare si P..
" Iki nek neng Jogja, Tugu..! ning gedhe.. " jare si P
" WATON ...! hayo jelas beda monas ki pucuke kae seko emas lho pee..! kui gagasane presiden Soekarno dok ing uni.. harapane bangsa indonesia menjadi bangsa yang makmur..!" omongku.
"iki jaman mbangune penuh perjuangan lho... mergane bareng karo mbangun Masjid Istiqlal.. !"
"Sok tau..! Kowe kung..!!"
"Wee..lha..tak critani, wektu kui danane sing dinggo mbangun Monas Cupet nek karo dinggo mbangun masjid barang .. ning bung Karno almarhum, persiden RI pertama, ngotot ndadekke Monas..!"
"Sebabpe..?"
"Pertimbangane nek ora didadekke wektu kui tekan saiki Monas ora dadi !. , nek Masjid istiklal suwe suwe dadi dewe..! " omongku
" kok iso ..? " takone si P"
" yo iso lah, nek monumen kan ora ono infak e, wes tau krungu nyumbang monumen entuk ganjaran suargo? "😀
" Dilit engkas indonesia yo bakal duwe bangunan spektakuler..lho peee...! ning saiki durung dadi.. GARUDA WUSNU..neng pulau Bali..!" omongku..
Bar neng monumen Nasional bablas neng Taman Mini.
" Lha nek kene Iki tinggalane ibu Tien SUHARTO !"
lagi penak penak jilong jilong aku weruh glibete Darkkontil...ketok koyo lagi ngawasi.. Ahmadi..
" Kang ketok e, kowe lagi di awasi!" omongku..
" iyo kung..! aku kroso kawet neng Monas mau..!" omonge kang Ahmadi
" Tenang kang, deknen nyerange wayah mbengi ben medeni.. opo kowe yo weruh..?" takonku
" iyo capet capet aku weruh..!" jare Ahmadi..
" WOO ... BERARTI SAIKI TARGETE KOWE KANG !" omongku.
" hh... KURANG AJAR.,! . 😠 ning gandeng wes mbok kandani dadine aku ora wedi..!" omonge Ahmadi
" Saiki ngene.. kang.. coba tak cedaki alon alon nek sing marani kowe deknen iso curiga, tros mengko tak getake, terus diawasi mlayune nengendi? !.. lha iso di pastekke prakteke dukune neng kono..! " omongku..
" si P diandani ora..? " rasah..! malah ngaco mengko..!
" ok..! "
tenan wae lur..Darkkontil tak itung ono telu tak cedaki siji seko mburi tros tak keplak ndase..
plaakk....! jungkell..
" HAYOO...! CIANDAK ORA KOWE..! "
.... Ghoib telu do kaget
" PETOOK ...! KOK KOK PETOOK ..! PETOOK ....! njuk mabur.. kekiter tros bablas nuju gedung duwor ora pati adoh seko kono.hhh.. .
" Kae gedung sing ketok seko kene kae gedung opo kang?" takonku..
" wo...kae koyone Apartemen !"
Dyaaarrrr....! candak ra kowe... hh.. 😠😠😠
" Ayo kang siapno bolomu, ojo lali, senjata komplit.. dinggo jogo jogo.. aku yakin Dukune saiki neng kono..! di grebek saiki wae..! ndak selak pindah..! "
" PEEEE ...! AYO MANGKAT..! "bengoku,karo si P sing ket mau selpa selpi wae.
" PINDAH NGENDI ?, PANTAI ?"
"ORA..! CANDI PRAMBANAN! "
" emange candi PRAMBANAN pindah kene po? "
" iyo neng kono kontrak e wes entek"

Dhemit Import

Bareng kaget Darkontil tros mabur.. kekiter sedelo teng pretok suarane koyo suoro pitik babon bar ngendog, terus nuju gedung apartemen..hh aku gage kepingin ketemu..cenayang Afrika koyongopo ujute dukun seko luar negri..
kang Ahmadi tak kon cepet cepet ngubungi komendane ben nyiapke tim buser, (buru sergap) ben di grebeg ! , ndak selak minggat.. , gek ndang rampung masalahe..
" kung..! kowe yakin prakteke Voodoo neng kono..? " takone Ahmadi.
"Weh yakin seyakin yakinya..! kang ! awak dewe kudu cepat bertindak nek ora selak do lungo mengko..! aku yakin dukune iki jelas dudu menungsa sembarangan..! . deknen mesti wis kroso nek papane wes konangan!" omongku..
" iki do rembukan opo to?" 🤔takone si P kepo.
" Ngene lho kuung..! . ora kok aku ora percoyo kemampuanmu sama sekali aku tidak meragukan itu..!, neng kasus iki ojo grusah grusuh..! ndak ngetarani.. jan jane aku ki kroso yen di awasi karo mahluk Darkkontol ning ora ming kui...! " omong e Ahmadi kadir
"hh.. ssst..coba sawangen awak dewe saiki lagi diawasi karo menungso kae! " omonge Ahmadi
" Maksudkmu ki piye to..? kok malah dadi bingung aku..! " takonku
"nek bingung ndodok kung..! " si P melu nggamblih.. hhh..
" Maksudku ki ngene lho.. aku duwe filing yen kasus iki gawat..! penuh trik dan intrik.. ono konspirasi..! " omonge Ahmadi serius..
" KONSPIRASI ki opo to? " takone si P soyo le kepo hhh..
" Tunggale KONTRASEPSI ..! " omongku waton..
" Ooo alah..! KONDOM to !."
hhh. 😢😢😢..
" Dadi awakdewe saiki yo lagi diawasi to..?" takonku
" Coba gatekno ning ojo mencurigakan wong loro kae..! ket neng monas mau wis ngetotke awakdewe..!" jare Ahmadi ..
" Ooo kae to.. hmmm.. ancen bakat kowe dadi Polisi.. lha karepmu piye..?."
"Ngene kung..! aku pingin mbongkar kasus iki ning kanti coro alus, aku percoyo omongmu nek neng apartemen kae ono sing mbok goleki..! "
" Ning kowe ojo lali..!sing mbok goleki kui saksi kunci, nggo mbongkar jaringan konspirasi neng KEPOLISIAN.. hh.. yo jenenge wae menungso..! ngerti to karepku ku kurung ? " omonge Ahmadi bisik bisik
" Ora ..?"🤔
" Mesti Ono pejabat polisi sing terlibat..!"
"Oohhh.. aku wes mulai paham..!"
" Dadi awak dewe kudu nglindungi dukune ngono karepmu..?" takonku.. 🤔🤔
Ahmadi ming matuk
hhmm.. benar juga batinku.. nek dukune di pateni iso cuntel, ora konangan dalange di balik kasus pembunuhan anggota polisi.. .
" lha karepmu piye kang..? " takonku..
" Ora aku takon hh.. iki do ngomongke opo to? " takone si P🤔
" Wes pee.. ? kowe manut wae..! rasah kakean crigis..!, kon ngalor yo ngalor, kon ngidul yo ngidul, kon madang yo madang! " omongku..
" Ngene kung..! , oprasi iki kudu sing ati ati , masalahe saiki aku lagi ora percoyo karo uwong..! sing tak percoyo ming kalian berdua! "
" Awak dewe moro neng apartemen kae.. numpak ojek.. wae..! tor gentenan.. tak wenei alamat Apartemene.. neng liwate kudu bedo bedo..nek iso nyebar..! ben seng ngetotke awakdewe bingung..! paham..? "Omonge Ahmadi
" Ok siap...! manut rencanamu..pokmen" 😀
akhire aku mubeng mubeng ndisik numpak ojek tros mboko siji di drob neng apartemen sing di tuju. hhh..
Gedunge loro adep adepan ora angel nggoleki penghuni seko Afrika.. gari takon pengelola apartemen langsung ketemu.. lantai papat kamar no 63.
" Pee ..! nggowo sapu karo sulak iki..! " akone kang Ahmadi.
" Nggo ngopo iki ? " takone si P
" wes pokoke manut wae! " jare ahmadi
" Siap kuung? "
" OK SIAAP ..!" omongku mantab
kang Ahmadi tros ngebel pak Toro.. mbuh opo sing di rembuk..
wong telu munggah neng lantai papat.. bareng wes tekan lawang kamar sing di tuju aku wes ngrasakke energi ghoib luar biasa.. hh.. woh.. jebul wong ampuh tenan.. batinku..
kang Ahmadi tros ndodok lawang..
.
tok tok tok!,
" ROOM SERVIS !"
tok tok tok !
"ROOM SERVIS !"
hh.. ora suwe lawang di bukak sitik njuk metongol rupo wedok mbokde mbok de pawakan e lemu njliteng jian ireng semu abu abu.
"NOO..! NO SERVIS..! " jare deknen..
njuk kang Ahmadi ngomong nganggo boso enggres..karo nujuk nunjuk si P, seng pah poh radong basane.. 😁hh. aku we ra dong..! opo meneh kowe pee..!
Ning simbok simbok iteng njanges tetep ngotot ora ngolehke si P seng nggowo sapu mlebu.. hh..
" ALAAAH.. KESUWEN..! " jare si P karo ndupak lawang
BRUAAAK !
nganti mbok mboke krengkangan.. hh
bareng weruh njero kamare..
MASYAAA ALLAH ..!.. IKI APARTEMEN MEWAH OPO KANDANG KEWAN ..? hh.
Reget banget.. gek ambune mbelek lencung..! hh.. jobin kebak getih garing.. dinggo nggambar lukisan rajah ala Afrika maksute opo..? radong ! hh..
wulu wulu pitik teng slebar ora nggenah.. okeh kurungan kotak isi pitik bloiler (petelur) sing wulune soklat kae lho lur.. hhh..neng tengah ono mejo gede kebak bekas getih.. tros lilin pirang pirang isih murup.. hh. tembok kamar teng tremplek Foto polisi.. termasuk Fotone Ahmadi sing wes teng cloneh kebak tulisan rajah seko getih pitik.. hh..
Bareng di gledah penghunine ono wong papat.. simbok simbok lemu awak ireng daster werno abang nyolok moto, sing njungkel mau, cah wedok umur 11 taun njuk lanang gundul isih balita.. lha seng narik perhatianku lur..! cah wedok remaja umur 15 taunan awake kuru cueking ireng sirahe nganggo udeng.. nggowo tongkat.seko kayu. aura ghoibe luar biasa..!
mandeng aku tanpo kedip tros mbengok ora ceto..
" AZZAUDEEAWAZZA..!" karo tongkate di tudingke aku..
barkui howo njero kamar mubeng koyo lesus njuk ketok Darkkontil Darkkontil paling jredul metu seko rajah sing digambar neng njobin ..!
hh..Hedeeh 😡😡😡
"Weeh.. jebul dukune isih bocah to..! " hh.. Arep pamer kasekten ilmu sihir
" HAYO .. TOKNO KABEH KEPINTERANMU ..! " omongku karo ngantemi Darkontil sing wani maju.. blar.. blarr.. ambyar..! ning ono kaelokan..
Darkontil sing metu seko jobin ora entek entek.. hhh.. suwe suwe iso lemes aku. hh..
" PEEE..!.. PATENI liline kui..!" bengokku karo ngamplengi Darkontil..
si P tanggap mlayu mlebu nggowo ember isi banyu njuk di siramke lilin seng murup neng nduwur mejo..
Byuur....jessszzz..!.. pet.. blarr..!
Darkkontil pirang pirang seng ngroyok aku langsung amblas ilang malik koyo kebul..hh..
ngerti kemandene mawot.. iso di kalahke cah wedok ireng ketok keweden bingung njuk arep metu neng balkon..
"AWASS..! CENDELO..!" bengoke Ahmadi karo mlayu nubruk dukun wedok mau braak.! njuk nggulung nggulung neng njobin..
"AWAS.. TIARAP..! BERLINDUNG! JAUHI JENDELA ..!" bengoke Ahmadi.
"LHA NGOPO? " takonku ora mudeng
" WES POKOK E TIARAP ! " Bengokke Ahmadi
Aku yo manut wae, langsung tiarap, si P semono ugo.. nubruk mbokde mbokde njuk teng glangsar neng njobin.
Tenan wae, krungu sworo .hh.
PYAR ..! PYAR .. PAYAR...!, koco koco cendelo do pecah berantakan koyo di brondong mimis (pluru) seko njobo..beling beling ting sebar mawut meh limang menitan.. hh..
kamare sing maune koyo kandang mbalik dadi koyo kapal pecah.. hh.. lagi iki aku deg degan keweden.. hh.. jian koyo perang.. hh....
kang Ahmadi njikuk HP ngabari Pak Toro..
" LANTAI LIMA.. CEK SEMUA SEKARANG..!"
"HATI HATI TARGET Bersanjata CANGGIH..!"
"Siaaap...! serahkan padaku..! " krungu suarane PakToro... hh..

Dhemit Import

Dhemit Import

meh limang menit brondongan peluru ngosak asik kamar..
Bareng wes kroso aman, wes ora krungu playune mimis aku mrambat mrambat metu kamar.. hhh.. jantungku meh copot lur..! lagi pisan iki aku di brondong pluru.. hh...aku blas ora ndue pikiran yen bakal di tembaki.. . hh.. jelas banget sing nembak seko gedung apartemen sebelah.. sak prepetan aku weruh keclape koco teleskop seko apartemen gedung sebelah lantai limo.....hh....
" PIYE ONO SING KENA RA ?" takone Ahmadi ..
" pee...! piye kowe?"
" Amaan..! "
" negro negrone yo aman..! " krungu swarane si p. hhh..
tak ingok si P malah tiarap neng nduwur wetenge mbokde.. hh..
" malah ngopo kowe peee..? 😠 ayo gek metu.. ketembak malah dadi gawe..! malah ungkep ungkup neng kono ki malah ngopoo..? padakke kasur.. hh"..
"Mbokde ki yo ngono..! malah meneng wae.. hh.. Kene aku njajal ! "😠
" Rasah kung..!, mambu lencung!"
" wes gek do metu! "
gage do teng pentalit mlayu metu termasuk kang Ahmadi.. hhh.... Penghuni Apartemen geger sak naliko.do kepo.
" TENANG ! TENANG ! KAMI POLISI !" jare Ahmadi karo ngetokke tanda pengenal.. wong wedok wedok afrika langsung di glandang metu..
NENGngisor wes di petokke mobil mini bus.. anak buahe kang Ahmadi .. gage do mlebu trus bablas nuju omah sing wes di siapke Ahmadi..
jebul kabeh wes di pikirke segala kemungkinane.. hh...cerdas jugo lo kang..! . 🙏
neng omah plosok, negro negro wedok di leboke kamar, ben nenangke diri, hh rodo sauntoro lagi iso di takoni nganggo boso inggris.. hh. jebul seng iso boso inggris ming si mbokde... kuwi we isone ming yes karo no..! 😢😢. hh..jian repot iki.. hh.. ora suwe kang Ahmadi di bel Pak Toro ngabari nek penembak misterius wes kasil di ringkus..

Dhemit Import

"yowes di gowo rene sisan..! neng markas rahasia!" akone kang Ahmadi
"SIAAP ..!"
kang Ahmadi terus ngebel kancane jenenge Bu Duile.. hhh..nama yang aneh..😅😅 jare deknen Ahli bahasa Afrika ..wes tau tinggal neng Afrika suwe..
woh hebat..!, wong kene iso nguasai bahasa Afrika, jarang lho lor sinau kok bahasa Afrika, umum e bahasa inggris, Jerman, Jepang, Cina. batinku..
ora suwe bu Duile.. teko..hh..jebul yo podo ro mbokdhe.. hedeeh.. wonge kriting ireng..ming ora lemu..
nek iki pancen asli wong kono..!, ning iso boso kene hh..tiwas tak alem.. batinku.. 😢
bareng di takoni bu Duile lagi iso komunikasi.. hh malah koyo reoni ketemu konco lawas hedeehh.... 😁 jebul wong iteng iteng kui ngaku nek seko negoro Nigeria.. tros do ngobrol suwe nganggo boso ra cetho wkwkkk.. hhh..
Dadi miturut pengakuan e wong wong Nigeria kui critane ngene..lurr.. !.
Mbokde mbokde lemu kui ibune si cenayang ahli ghoib Voodoo.
Anakke jenenge MARGAREETA OVAWAWESS .. ZAYAWAZA WIKAZASAATAWAENAZA WAWES . hh..
" Hajilak ..! dowo banget jenenge..! " omonge si P 😁hh..
" Nek nama panggilane..?" takonku
"Bi..!" (dibaca bii) jare Duile 😢😢?????
" Hakok iso dadi Bi..? kok ora WAWES ..opo MARGARET ?" takone si P... hh..
"ancen ngono! " jare Bu Duile.
" jenenge kadang bedo karo nama panggilane..! nek neng Nigeria ki..! "..
hhhss... ono ono wae..hh.. lha ngopo ndadak dijenengi dowo dowo.. hhhh... batinku😥
si Bi..! (dibaca bii) ..kui anak pertamane mbok dhe, jare duwe bakat klenik kawit cilik.
jare di warisi ilmu seko mbahne seng jare yo dukun Voodoo..
si Bi (dibaca bii) nadyan isih bocah kondang banget neng desane, mergo duwe keahlian seng aneh..
lha.. seminggu kepungkur, si Be (dibaca bii) entok kabar yen Bapake di culik digowo neng negoro Indonesia. malah dicekel POLISI Indonesia, tros di kunjoro.
difitnah nek deknen bandar narkoba..! malah arep di pidana pati (dihukum mati).
nek jare mbokde karo si Bi.. (dibaca bii)
ora mungkin..! nek bapake kui bandar narkoba mergane bapake kui, neng negarane kono anti narkoba.... jare si Be (dibaca bii).
Buktine jare, kehidupan e neng negarane kono, yo ngrekoso. Nek bandar jelas wis sugih.. alasane
Bapakke Bi (dibaca bii) ming dijebak.
Bareng krungu kabar bapake di tangkap Polisi Indonesia lan arep di ukum pati, kluarga e Bi (dibaca bii) kepingin nyusul, karepe arep gugat, ming sayange ora duwe ragat.
Nah ndilalah ono uwong baik hati nan budiman dan dermawan, gelem ngragati nggowo si Bi sak kluargane neng Indonesia..
Biaya hidup di tanggung deweke di kei apartemen..
jare si orang baik hati nan budiman mau, bapake si Bi iso bebas.. ora sido di pateni yen POLISI SING NYEKEL BAPAKE DI PATENI .. hhhh..
" Banjur sopo wong budiman dan baik hati kui..???" takonku..
" Namanya pak BUDIMAN.!. jare bu Duile.
????????? 🤔🤔asline do waras ora to wong negro negro ki? Batinku
"Coba aku tak kepingin weruh, nduwe potone bapake si Bi sing diwoco bii Ora? "
si Duile njuk omong nganggo boso Afrika karo wong wong ireng mau
" U.. U.. AK AK K.. A, AK. UU.. U A..AK! "
si Bi (dibaca bii), ketok mesem terus mantuk, njur njikuk poto neng tas e njur diwenehke aku.
, Oalah.. Iki to bapake si Be.. (dibaca bii) , wong ireng gilap nglengu lanbene njedir.. nak tak mat mat meh mirip si P wjwjkk.
" Peee ojo ojo iki bapakmu.. kowe nek neng Nigeria koyone bagus dewe sak ndeso lho pe.. !"
"preeet..! "
Bar kui si Bi (dibaca bii). Meneh i foto meneh, jare foto kui sing jenengi BUDIMAN.
Ahmadi karo anggotane bareng weruh potone pak Budiman rodo kaget.. hh..
" kenal po kowe kang?" takonku curiga..

Dhemit Import

kang Ahmadi narik ambegan dowo ketok nyimpen wadi.. lagi wae arep nerangke sopo sejatine Budiman kui, kedadak tekane Pak Toro.. sak rombongan karo nggowo tahanan..
wong loro.. seng wes di kecrek tangane..hhh.. tak tamatke wong loro kui.. hh.. ORA PANGLING..! wong sipit, Cino seng ngetotke kawit seko Monas ..! hhh.. sopo meneh iki..?
" iki mad..! menungso sing nembaki seko Apartemen sebelah..! "
Plaak..! plakk..! tangane si P langsung ngamplengi ndase cino loro mau karo bengok bengok..
" SALAHKU OPO SUU..? KOK MBOK TEMBAKi..? KOWE IRI KARO AKU..IYO..? MESTI IRI KOWE...! MERGO AKU LUWEH Ganteng?, KOWE MESTI CAH KLITIH ..! "
"PLAAAAK...! "
BUUUK..! GLANGSARRR...! 😢😢
" si P njuk di cekeli anggotane pak Toro.. hhh..
karang wonge di kecrek.. wkwkwkk.. gayamu peee...!
njur sopo meneh cino loling iki?
Penembak misterius akhire iso di ringkus tim Polisi Anti NARKOBA, sing dipandhegani Pak Alferdo Toro.
Targete langsung di glandang neng markas rahasia sak barang bukti, berupa senjata rakitan laras panjang kaliber gedhe sing iso nembus tembok kae lho lur..! .
Senipere wae di tekakke seko Wuhan negri china, dokumen identitas, sing di temokke neng kamar apartemene jenenge Mut Lie Ceng karo Cou viet.
Sing rupane sangar si Cou viet, potongan gento awake kebak tato. Kabare wis mateni uwong pirang pirang negaranya, Ning neng kene ming dinggo kampleng kamplengan karo si P.
Pancen si P ki nek karo bongso lelembut jirihe poll, ning nek karo menungso jian ora ono sing di wedeni blas.. Paitan nekat. Kang Tejo sing kondang gento terminal we gilo nek karo si P... Udan we tau di tantang og karo si P😂😂😂😂
Wong loro mau, ngaku ora iso bahasa indonesia, hhh inggrise ..ming pas pasan. hhedeeh .. ra kacek.. !.podo karo NEGRONE.. Nigeria ki...! hh.. angger di takoni jawabe ming..
" i need lowyer..!. apvokad..!, apvokad..!" jare cino sing lambene wis do njontor mergo di tonyoni si P... hhh....
"Tanganmu ora loro po pe.. ngantemi raine cino nganti njontor koyo ngono ? "takonku
" Ora..!, aku nganggo watu og kung! "
" Wuu ... Pantesan! " 😡
" plis i need lowyer Advokat ! " omonge cina ne bola bali
" hh.. DASAR CINO EDYAN ..! KAHANAN KOYO NGENE MALAH aneh aneh.. alpokat alpokat..! hhh arep nggo gawe juss po? hhh.. yo.. nek lagi usum..! hanek ora..? hhh.. kepruk watu wae po? "
" NOOO ..!, NOO ! " 😥😥
" Advokat ki maksute pengacara...blok..! dudu buwah..!" omongku..
Pak Toro di duduhi Fotone Budiman.. ketok nek kaget.. hh..
" Ora kang..! aku kok dadi penasaran .. karo sing jenenge Budiman, jan jane sapa to menungso iki..?" takonku rada meksa.
" iki yen kowe pingin ngerti.. deknen kui.. bandar gedhe narkotika..!" omonge kang Ahmadi.
" Ooooo...! lha yo gek di uber njuk di tangkap wae..! ben bangsa Indonesia aman seko peredaran narkoba!" omongku..
" hhh.. kowe ki lak oran mudeng to kuung..!
Budiman ki wes kecekel setaun yang lalu..wong sing nyekel Pak Toro dewe".. hhh
"Saiki wes dadi penghuni rutan nunggu eksekusi.. wong divonis hukum mati..!" omonge kang Ahmadi..
" Haning kok iso metu tahanan nganti dolan tekan afrika?" takonku..
" Hayo kui sing arep tak slidiki..! saiki aku tak ngubungi ahli bahasa mandarin sek..!" jare Ahmadi..
" Kang ..! karo nunggu kancamu sing ahli basa cino piye nek awak dewe golek madang sek..! " 😖😖
" Aku ngelih je..! ngerti dewe ..! ket seko Monas durung madyang ! " jare si P..
" hhh..SARUU...! 😢😢kowe ki sing di pikir ming madang oq pee..!" hhh..
" Aku we podo !, durung madang..! haning mosok awak dewe madang, liyane ora..! wong wong negro kae mesti yo do ngelih..! " omongku.

Dhemit Import

Kang Ahmadi langsung tanggap banjur ngongkon anak buwahe tuku sego..!
si Duile nyelo nyelo pesen nek pitik pitik sing neng apartemen.. kon nggowo rene..jare durung di pakani. !.hhh.. .
"Arep di masak po..? kesuen leek..!" jare si P..
aku dewe yo gumun karo wong Nigeria iki..! hh.. kok yo isih sempat sempate mikirke pitike.. hh.. manusia yang aneh.. hh😢
Akhire anak buahe kang Ahmadi teko karo nggowo bungkusan sego padang ..cucook..! rancak banak pok men. 😂
Tekane ngarep mburi karo wong wedok sing jare pakar basa mandarin... hh..sayange ora sip..! .ora kimplah kimplah hh.. dadi ra menarik blas.. hh..😖 untune rodo mrongos..!
"woo...ojo salah kowe kung! kae ki ming untu pasangan dudu sing asli..!" jare si P..
.
"kok ngerti, lha sing asli?" takonku kepo
" Seng asli disimpen neng omah ,ora dinggo..! mergane soyo le ambyar..!" jare si P nyekekek... hh...
" meng hina we peee..! untumu yo mrongos we ngece" 😢😢.
Tak sawang kang Ahmadi lagi diskusi serius karo Pak Toro..hh..
"SING KOMANDAN KOMAN BEN DO RAPAT ! SENG ANAK BUAH... MADYANG.. MADYANG !.. RAAA MADYANG SEMAPUT" ✊✊✊omonge si P karo mbagi mbagi nasi Padang..
Jebul Polisi polisi liyane Yo do ngampet ngelih...ketok le do madyang ingkul koyo bar Laden tukang.
Nganti meh jam wolu bengi, si Mut Lie Ceng ro koh pieet ora gelem ngaku sopo sing menei perintah..malah bengok bengok nganggo basa mandarin ora ceto.. hh.. jare penerjemahe, nek cino loro iki nantang nantang ngancam arep mbales perlakuane polisi sing nyekel deknen... hh.. jare arep di pateni kabeh!
" Ngene wae kang..! arepo di sikso percumah deknen.. ora gelem ngaku..! saiki si kopeet karo liceng kae lebokno neng kamar..jajal wong cino ki wedi Demit opo ora ! " omongku.
Bareng wong loro wes dilebokke kamar, si Bi (dibaca bii) tak geret tak lebokke kamar sisan.. njuk Duile tak cengkiwing 😁 wong ming cah ceking..iteng ra kalap.. hh
Duile tak kon ngomong yen jan jane wong loro kui sing nyulik bapake , trus arep di pateni...!
saknaliko rupane si Be seng wes elek mundak bosik luwih medeni mbang Darkontil e mergo nesu
njuk njambak rambute lie ceng ro co pieet nganti mbrodol.
rambut e di sebar neng njobin karo moco mantra ora cetha.. njuk nyokot drijine dewe nganti metu getihe terus nggo nggambar rajah neng jobin, njuk ngurupke lilin.🕯️🕯️. karo ngomyang ngomyang moco mantra aneh.. sak naliko aku weruh kaelokan, seko njobin alon alon metu wujud nggilani.. hh.. luwih gedhe mbang Darkkonthil..hh.. 😨😨
NENG batin aku nggumun , kok yo ono ilmu model koyongono kui.. 🤔🤔hhh..
sajake cina loro iso weruh ketoro njur bengok bengok gilapen..mergo keweden hh.. si ahli basa mandarin tak kon ngomong.
." NEK ORA GELEM NGOMONG, SOPO SING MENEI PERINTAH..! arep di pateni tros jiwane arep di gowo neng neraka karo mahluk sing nengarepmu.. SELAMA LAMANYA.... 😡😡😡
sak nalika cino loro seng maune nggleling.. nangis gero gero njaluk tulung, karo nyebut jeneng jeneng seng menehi perintah . .
.wkwkkk.jare gengster kok wedi NERAKA .. 😀hhh
deknen tros nyebut beberapa nama diantarane Budiman..karo Pejabat pemerintah, Polisi bintang siji..karo oknum polisi liane termasuk si Dwi Polisi tukang gambar.. hhh..
CIAAANDAK ORA KOWE ..! hh..
kasus complited hhh... lego rasaku.

Dhemit Import

Pak Ajun ora kesebut, berarti resik..
" wes kang..! musuhmu pangkate jendral..! iki mungsuhe yo kudu jendral..! di laporke wae kasus iki opo anane karo Pak Ajun..!" aku menei saran..
Bareng wes cetho lilin tak pateni ..! ndak mahluk pujan gaweane si be (dibaca bii) ora iso di kendalikan... geni mati peet..! bareng karo ilange mahluk ghoib sing nggilani banget rupane.. hh.. mak blar..! suarane nganti koyo ombak ngapyuk karang.. hh..si Be (dibaca bii) iso mental semaput.. hh.. keantem energi ne dewe . hh..
Jebol demit lokal isih kalah serem karo demit import.. Wkwkwkk..nek neng kene modele Meh Podo Ning dinggo ngepet..
si Be sadar kang Ahmadi janji arep ngeculke bapake sing keno fitnah seko kunjoro..nek bener bener ora kebukti sebagai pengedar,
" Lha bapakmu jenenge sopo?" takonku..
" Pai JO!" jare Duile..
"whaaat..???? PAIJO!! 😂😂!" kabeh seng neng omah kono do ngguyu mergo krungu jenenge koyo wong jowo.. 😂😂.. Aku pesen karo si Be (dibaca bii) takkon ninggalke ilmu seng blas ora ono manfaate.. malah iso mbebayani tumrap awake dewe..
" GOLEK ILMU KUI SENG ISO MANFAAT KANGGO AWAKDEWE UGO KANGGO WONG LIYO..! DADI AMAL JARIYAH..! AMALAN KANG ORA ONO PEDOTE NADYAN KOWE WIS MATI..!" si be ming mantuk mantuk trus nangis ngguguk.. hh. sadar yen kemampuane di manfaatke Karo wong jahat.. hh..
"Untung ono kang Ahmadi nek ora... , iso salah paham, bacut tak gulung dewe kowe nduuk.. !" hh.. 😡
" hayo Kono gek dipek bojo..!" Jare si P
" Gyah..!" 😖
Meh patang ndino aku di seneng senengke neng Ibu Kota. Mancing neng kali isine sampah ro iwak sapu sapu 😂😂
Bareng tugasku wis rampung aku pamit mulih.
"Ora ngenteni kasus iki nganti tuntas po kung?" takone Ahmadi sing durung iso bali Jogja mergo isih ngemban tugas Negara..
" ora kang..! sakbacute kui wes tugase aparat.polisi.! aku selak kangen Jogja 🙏😂" omongku.. si P kon tinggal yo ragelem , arep melu bali . mesake mamak jare wkwkk..
"mamakmu ki malah seneng yooo..! nek kowe minggat je peee..!" omongku.. 😂😂..
akhire aku di sangoni duit dewe dewe karo si P
"iki karo duit NGGO tuku tiket PESAWAT balik jogja..!" jare ahmadi..
" Alah..! kok njuk senengane repot repot ngene lho.. kang ! aku dadi ra penak..!" omongku karo nyaut amplop werno coklat, tak mek mek rodo kandel😂😂
" piye ben di terke anggotaku neng bandara po? " takone Ahmadi..
" Ora usahh.. aku tak numpak taksi wae! " omongku
" yo wes! makasih yo kung, slamat jalan...! ojo kapok! " omonge Ahmadi kadir
ok 😀😀
aku gage nyegat taksi
" bandara om? " takone sopir taksi..
" enggak stasiun senen aja! 😂😂😂....
golek turahan lurr..! Nggo tambah koleksi tegak cubit. Numpak KERETA
sing EKONOMI. jug ijag ijug ijag ijug.. 🎶😂😂😂
Let seminggunan aku dikabari nek bapake Bii wes di bebaske malah wes bali neng negara asale..

Dhemit Import

Aku entok salam seko bii jare wes sumpah ora arep nggunaakke ilmu voodoo meneh. si liceng karo covit isih di tahan dinggo seksi neng persidangan.
jebul bisnis peredaran NARKOTIKA di kendalikan oleh Budiman dari balik jeruji dalam lapas.. hh.. opo ora edyan kui lurr..! luweh edan meneh sing terlibat wakeh.. termasuk Pegawai lapase.
Okeh seng di pecat ! dengan cara tidak hormat
Oknum polisi malah ono seng wes pangkat bintang... yo melu ketangkap... hhhh.... Pejabat pemerintah ono sing kena.
Malah isune.. Dana penjualan narkoba arep dinggo ndanai njonkeng kewibawaan Pemerintahan Indonesia...
NARKOTIKA ki jiaan marai edyan tenan oq..
MANFAAT KARO MADHARATE GEDE MADHARATE,
mulo lur..! nek pingin slamet uripmu....
JAUHI NARKOBA..! ...

======================TAMAT======================
SC: Dokter Kung Top

إرسال تعليق